MAKALAH BASA JAWA

UPACARA ADHAT JAMASAN PUSAKA

LOGO SMA2 3D.pngKELOMPOK:

  1. Bagas Jati Saputra
  2. Tyas Nur Faizah
  3. Amatullah Nurul Azizah
  4. Heri Prasetyo
  5. Nuha Khairunnisa
  6. Rika Rahmawati

 

XII MIA 3

DINAS PENDIDIKAN PEMUDA DAN OLAH RAGA

DAERAH ISTIMEWA YOGYAKARTA

SMA NEGERI 2 WATES

2015

 

PAMBUKA

 

Puji lan syukur dhumateng Gusti Allah SWT  ingkang sampun paring rohmad lan hidayah satemah “Makalah Basa Jawa Upacara Adhat Jamasan Pusaka” menika saged paripurna. Laporan menika dipun damel kagem nglengkapaken tugas Basa Jawa kaliyan kagem tambahan ilmu pengetahuan.

Wekdal damel laporan wonten kelompok menika pikantuk pitulung saking tiyang kathah. Satemah, saking kelompok menika ngaturaken agunging panuwun awit saking pitulunganipun laporan menika saged paripurna. Terkhususipun dhumateng:

  1. Hj.Vipti Retno N, M.Ed minangka Plt.Kepala Sekolah SMAN 2 Wates
  2. Bapak Ichwan Januar S, S.Pd minangka guru Basa Jawa SMAN 2 Wates
  3. Para kanca lan tiyang sepuh ingkang sampun maringi dukungan kaliyan saran.

Kelompok menika mangertosi menawi tasih kathah kekirangan wonten laporan manika. Kangge menika kritik kaliyan saran saged dipun tambahaken saking pewaos laporan menika supados saged damel laporan ingkang sae malih.

Cekap semanten ingkang saged dipun aturaken wonten ing laporan menika. Mugi-mugi laporan menika saged paring paedah ingkang sae. Akhirul kalam, wabilahitaufiq walhidayah.

 

 

Wates, 25 September 2015

 

Penulis

BABAGAN ISI

 

SESIRAH………………………………………………………………………………. i

BABAGAN ISI…………………………………………………………………………iii

PAMBUKA…………………………………………………………………………….iv

BAB I……………………………………………………………………………………1

A.Dasaring Pangawitan

B.Ancas

C.Paedah

BAB II…………………………………………………………………………………2

  1. Pembahasan

BAB III  …………………………………………………………………………………………4

A.Dudutan

B.Piweling

RERONCENING PUSTAKA………………………………………………………..5

LAMPIRAN…………………………………………………………………………..6

 

BAB I

 

  1. Dasaring Pangawitan

 

Indonesia kalebet negara ingkang nggadhahi manika werni kabudayan. Kabudayan kasebat nggadhahi nilai kahuripan wonten masyarakat. Samenika, kabudayan Indonesia kathah ingkang ditilaraken. Ingkang prihantos malih kathah ingkang isin kaliyan kabudayan Indonesia ingkang sejatosipun kabudayan menika saking warisan generasi sangajengipun ingkang nggadhahi filosofi. Kabudayan Indonesia kedah dipun uri-uri kaliyan dilestarikaken dhumateng generasi salajengipun supados boten luntur. Kabudayan wonten Indonesia antawisipun inggih menika Kabudayan Jawa. Kabudayan Jawa nggadhahi filosofi ingkang sae wonten ing kahuripan. Kabudayaan Jawa antawisipun upacara adat. Upacara adhat wonten tlatah Ngayogyakarta tuladhanipun Wiwitan, Merti desa, Tedak Siten, Ruwatan, Jamasan Pusaka, lan sapanaunggalanipun. Jamasan Pusaka inggih menika saking tembung “jamas” ingkang nggadhahi makna ngumbah, ngresiki, ngedusi. “Jamas” saking Basa Jawa krama inggil (undakan paling nginggil). Pusakanipun manika wern, pusaka ingkang dipunkramataken kaliyan pitados nggadhahi energi tartamtu, antawisipun gong, keris, tombak, kaliyan sapanunggalanipun

  •  Ancas
  1. Nguri-uri kabudayan Jawa kususipun kabudayan Jamasan Pusaka
  2. Nggadahi raos handarbeni
  3. Nguwuhaken raos remen kabudayan Jawa khususipun dateng tiyang enem

 

  • Paedah
  1. Ngenalaken kabudayan Jawa khususipun kagem daerah Ngayogyakarta
  2. Nglestariaken kabudayan Jamasan Pusaka supados saged dipun warisaken generasi saklajengipun.
  3. Supados saged mangertosi filosofi ingkang wonten ing upacara adhat Jamasan Pusaka.

 

 

BAB II

  •  Diskusi
  •  Materi
  1. Sekar setaman
  2. Minyak wangi saking kayu cendana
  3. Blimbing wuluh/ jeram pecel
  4. Baki
  5. Dupa/ menyan
  6. Mori 0,5-1 m
  7. Klasa kaliyan sikat waos

 

  • Pamidhalan
  1. Gelar klasa wonten jobin
  2. Siapaken menapa kemawon uba rampe ingkang dipunginakaken.
  3. Bunga setaman dipun paringaken lebet baki ingkang sampun diparingi toya.
  4. Paringaken baki ingkang isinipun wau wonten nginggil klasa.
  5. Gelar mori wonten sandingipun, supados mangke diginakaken kangge sing badhe dijamasi. Kaliyan nggaringaken sasampunipun disiram sekar setaman.
  6. Dipunurupaken dupa
  7. Dipunparingaken pusaka wonten nginggil mori ingkang sampun digelar.
  • Tata Cara
  1. Dados deweke piyambak. Ngagem pakaian adhat budaya kagunganipun piyembak ingkang resik. Sikapupun sopan kaliyan santun, boten sembrana. Dipunbayangaken, saweg njamasi pusaka kaliyan marani panggenan dugem.
  2. Kedah nggadhahi rasa batin, dipuntindakaken ngagem katulusan kaliyan pemahaman kagem menapa jamasan pusaka menika. Caranipun, tindakna pangurmatan kaliyan tiyang sepuh. Caranipun sungkem kaliyan astanipun dipunparingaken wonten ngajeng dada, wekdal maringaken pusaka wonten ngajeng piyambak.
  3. Salajengipun sembah sungkem khususipun kagem pusaka ingkang wonten sarung/warangka. Mendhet pusaka saking warangkanipun kedah ngatos-aots, caranipun mendhet arahipun horizontal ing ngajeng dada piyambak utawi wonten nginggil pangkon piyambak, caranipun dipun pendhet tumuju tengen utawi kiwa.
  4. Celupaken pusaka wonten lebet baki ingkang isinipun sekar setaman. Dipunwasuh reregetan ingkang tememplek ngagem asta utawi sikat waos kanthi ngatos-atos. Menawi mbasuh karet ngginanaken belimbing wuluh. Menawi dipunraos cekap, lajeng dipun jamasi ngagem sekar setaman. Salajengipun dipunlap ngagem mori.
  5. Menawi sampun garing, dipun paringi minyak wangi kanthi ngatos-atos ngagem asta kaliyan ngagem raos welas asih saking jroning manah. Menawi pusaka nggadhahi energi, sambungaken energi wau kaliyan energi panjenengan.
  6. Ampun kesupen mbasuh warangka. Tindakna pakurmatan setunggal malih, caranipun angkat pusaka kaliyan salajengipun dipun templekaken wonten bathuk, lajeng dipunagemi warangkanipun. Menawi pusaka boten gadhah warangka, cekap dipunblebet ngagem mori.

 

BAB III

  • Dudutan

Tradisi jamasan pusaka kalebet paninggalan Sunan Kalijaga ingkang dilaksanaaken saben taun yaikuu tanggal 10 dzulhijah ingkang kalebet prosesi grebek besar demak.Tradisi jamasan pusaka yaiku tradisi maringi lisah utawi nyuciaken pusaka. Miturut mitos wonten ing masyarakat, menawi nindaaken jamasan kanthi paningalan kabikak utawi masyarakat umum, ingkang mboten kalebut katurunan kanjeng sunan kalijaga saget ngalami kebutaan. Lan sasampunipun prosesi penjamasan, miturut kapercayan masyarakat ingkang saget salaman angsal berkah saking wewangen lisah ingkang digunaken wonten ing penjamasan pusaka ingkang tasih nemplek wonten ing asta sesepuh

Miturut  panulisan ingkang sampun kalaksana saget dipendet dudutan tradisi jamasan pusaka inggih menika tradisi ingkang dipunwarisaken saking nenek moyang ingkang sarat saking nilai kahuripan/filosofi ngkang saget dipuntindaaken wonten ing kahuripan masyarakat. Tradisi jamasan pusaka inggih menika wujud syukur kagem Gusti Ingkang Maha Kuwaos.

  •  Piweling
  1. Pamerintah kedhah nggatosaken kabudayan – kabudayan jawa
  2. Masyarakat kedhah ndukung palestarian kabudayan jamasan pusaka ingkan kalebet warisan leluhur.
  3. Masyarakat kedhah nerapaken nilai-nilai kahuripan kaliyan filosofi saking tradisi jamasan pusaka.

 

 

RERONCENING PUSTAKA

 

  1. http://wa-iki.blogspot.co.id/2011/05/inilah-makna-jamasan-pusaka.html
  2. http://jalanjogja.com/jamasan-pusaka-ritual-langka-penuh-makna/
  3. https://sabdalangit.wordpress.com/2011/11/23/jamasan-pusaka/
  4. https://www.youtube.com/watch?v=0DtdhG6ywPc

LAMPIRAN

 

menawi kanca-kanca badhe ningali tuladha jamasan pusaka tombak saged klik wonten ing ngandhap menika..

Iklan